Sekarang saya akan mencoba memposting cerpen bahasa cerbon pertama
saya. Cerpen ini pernah memenangkan lomba cerpen Bahasa Cerbon, yang
mengadakan waktu itu akun twitter @aboutcirebon . Yaiyalah menang !
pesertanya cuma dua orang kok wakakakak... lumayan dapat kain batik sama
voucher belanja di Batik Trusmi :D
cekidot guysss.....
Cerbone
Isun Wis Sejen Pisan
Dina
kien Jamilah seneng beli kejagan asale deweke apan balik ning cerbon, wis pat belas taun Jamilah beli balik ning Cerbon.
Isuk - isuk Jamilah wis siap siap ning stasiun Gambir nonggoni sepur Cireks. Bele suwe sepure teka, Jamilah langsung bae
numpak. Ning perjalanan Jamilah nelpon batur bature ngabari deweke apan balik.
Wis pegel telponan jamilah keturuan.
Akhire Jamilah teka ning cerbon
kampung halamane. Jamilah kaget deleng kemajuan kotae.
“Kien bener stasiun kejaksan tah?
dadie bagus beli kalah kaya gambir”, Jamilah takon ning penumpang sejene.
“iya bener kien kuh stasiun Kejaksan
beli salah maning”, jawab penumpang sejene.
Seng stasiun Jamilah nerusaken
perjalanan marani umae enggo taxi. Sedawane perjalanan jamilah ndelengi pemandangan
terus. Pas lagi lewat ning Grage Mall,
Jamilah takon ning supir taxi “ Kien kang
bengene gunung sari kang biasa ana pertunjukan lumba – lumba kan ya?“
“Iya, kien dadie Grage Mall yu, Mall
kebanggaane masyarakat cerbon” jawab si supir. Cerbon tambah semrawut dalane
cerbon tambah panas. Deweke wis bele ngenali kotae. Cerbon sejen pisan jaman kiene.
Kikie jamilah ngejak batur bature
marani Taman ade Irma, deweke pengen nostalgia ning tempat wisata favorite lagi
masih cilik. Batur – bature ngupai weru ning jamilah ade Irma iku wis beli pada
karo jaman bengen, tapi Jamilah angger pengen marani ade Irma. Batur – bature
nurut. Teka ning ade Irma Jamilah sedih tempat wisata kebanggaan kotae beli
keurus. Akeh dolanan kang wis bele bisa digunaaken. Wesie pada teyeng, sekrupe
pada ilang. Tempate kotor, malah ana wong lagi ngangon wedus ning konoe. Tes
ning ade Irma Jamilah lan batur – bature marani Cirebon Mall kang jaman bengene
luwih dikenal aran Hero. Teka ning Cirebon Mall Jamilah kaget Cirebon Mall beli
kaya bengen Toko buku kang biasa jamilah kunjungi wis laka. Tempate dadie sepi
beli serame bengen.
Tes ning Cirebon Mall Jamilah
kepengen nonton film ning galaxy , tapi batur – bature ngupai weru galaxy wis
suwe tutup jaman kienne dadie CCC (Cirebon Convention Centre) Jamilah bele bisa
ngomong apa – apa, deweke nyadari wis suwe pisan ternyata deweke bele balik
ning cerbon . Pasar gunung sari sekiene dadi GTC (Gunungsari Trade Center) ning
dalan cipto ana mall anyar arane CSB (Cirebon Super Block) . jamilah weru kotae
lagi berbenah kanggo kemajuan cerbon dewek . Jamilah tetep bangga dadi wong
cerbon.
![]() |
Source: benksonsirtus.blogspot.com |
0 komentar:
Posting Komentar